TRIBUNSUMSEL.COM - Malam Nuzulul Quran diyakini malam turunnya Alquran diperingati setiap 17 Ramadhan.
Serangkaian acara umumnya diadakan menyemarakkan Nuzulul Quran termasuk pada Ramadan 1447 H tahun ini. Terutama acara pengajian, tausiyah atau ceramah.
Selain Bahasa Indonesia, acara peringatan Nuzulul Quran di Bulan Ramadan 2026 tahun ini berkemungkinan juga diadakan menggunakan Bahasa Jawa.
Berikut ini Tribunsumsel.com sajikan contoh teks MC Nuzulul Quran Bahasa Jawa diolah dari laman scribd widiyastuti081 nomor 689949833 diakses Kamis 5 Maret 2026.
Assalamu’alaikum Wr. Wb
Dumateng panjenenganipun Bapak ____________ selaku mubaliq ingkang pantes sinudarsono. Dhumateng panjenenganipun bapak Dukuh ______ ingkang pantes kinurmatan, panjenenganipun bapak ibu tamu undangan , hadirin wal hadirat ingkang dipun paringi rahmar kaliyan Allah SWT, sarto sedherek-sedherek ingkang satuhu bagyo mulya.
Hadirin wal hadirat ingkang minulya.
Ingkang sepindhah, kaparenga rumiyin kita panjataken raos syukur dalah puji kita dhumateng Allah SWT ingkang sampun aparing mapinten-pinten barokah sarta rahmatipun, ingkang arupi kesempatan dalah kesehatan, sahinggo wonten ing ndalu punika kita taksih saged makempal wonten halaman masjid _________ punika saperlu tolabul’ilmi wonten peringatan Nuzulul Qur’an ing ndalu punika kanthi winantu karaharjan tebih ing sambikala.
Sholawat dalah salam mugi tansah kunjuk dhumateng junjungan kita nabi Agung, nabi akhirul zaman, Muhammad SAW ingkang kita antu antu syafa’atipun benjing wonten ing dinten kiamat. Amin.
Sakderengipun peringatan Nuzulul Qur’an menika kawiwitan, ing mriki kauala kajibah dados pranata adicara badhe ngaturaken rut reruncening adicara Nuzulul Qur’an ingkang badhe lumampah ing ndalu punika, inggih punika :
Acara ingkang sepindhah inggih punika pambika ingkang dipun pimpin pranata adicara.
Acara ingkang kaping kalih inggih punika gema wahyu ilahi
Acara ingkang kaping tiga inggih punika sambutan-sambutan, dene sambutan kaping kaping setunggal inggih punika saking ketua panitia utawi ingkang mewakili, sambutan kaping kalih saking Bp Ta’mir Masjid ____, sambutan kaping tiga saking Bp
Dukuh ______-.
Kalajeng acara ingkang kaping sekawan inggih punika acara inti pengaosan Nuzulul Qur’an ingkang samangke badhe kasarirani panjenenganipun Bp _______
kalajeng do’a panutup.
Acara kaping gangsal inggih punika panutup.
Mekaten kalawau rutreruncening acara pengaosan ing ndalu punika.
Bapak ibu jama’ah pengaosan Nuzulul Qur’an
Gegandengan wekdal sampun langkung ndalu, pramila acara badhe kawiwitan.
1. Kalebet acara ingkang sepindhah inggih menika pambika. Sumangga kita bikak acara pengaosan ing ndalu punika kanthi waosan basmalah sesarengan.
Bismillahirahmanirrahim
Mugi kanthi waosan basmalah kala wau kita tansah keparing perlindungan saking Allah SWT. Aamiin.
2. Acara ingkang kaping kalih inggih punika waosan ayat-ayat suci Al-Qur’an ingkang badhe dipun sarirani dening sedherek____________________ selaku gema wahyu ilahi, kaliyan sedherek ___________________ selaku saritilawah.
Dumateng sederek ingkang kapatah, kaula sumanggakaken.
Shodaqoullhul’adzim
Mekaten kalawau menggah waosan ayat-ayat suci Al Qur’an, mugi pikantuk ridha lan pahala saking Allah SWT.
3. Menggah acara ingkang kaping tiga inggih punika sambutan-sambutan.
- Sambutan ingkang kaping satunggal saking ketua panitia penyelenggara utawi ingkang mewakili. Dumateng sedherek ……………………selaku ketua panitia kita sumanggaaken.
Sakmenika kalawau sambutan saking panitia.
4. Dumugi titi laksana ingkang kaping sekawan inggih punika acara inti pengaosan.
Mugi mugi punopo ingkang badhe kaaturaken dening panjenenganipun Bp mubaliq samangke saged kita pundhut hikmahipun.
Dhumateng panjenenganipun Bp ____________ kita sumanggakaken.
5. Minggah acara ingkang pungkasan inggih punika acara panutup. Sumangga kita tutup acara pengaosan ing ndalu punika kanthi waosan hamdalah sesarengan.
Alhamdulillahirabil’alamin.
Mbok bilih kawula selaku pranata adicara kathah kekirangan kawula nyuwun pangapunten.
Bilahi taufik wal hidayah
Wassalamu’alaikum Wr Wb
Demikian Contoh Teks MC Nuzulul Quran Bahasa Jawa, Referensi Untuk 17 Ramadhan 1447 H.
Baca juga: Contoh Teks MC Nuzulul Quran di Masjid, 17 Ramadhan 1447 H, Susunan Acara Lengkap
Baca juga: Contoh Teks MC Santunan Anak Yatim Bulan Ramadhan 2026, Lengkap Susunan Acara
Baca juga: 10 Contoh Undangan Bukber di WA, Buka Puasa Bersama Ramadhan 1447 H/2026
Ikuti dan bergabung di saluran WhatsApp Tribunsumsel.com