Kunci Jawaban Mumpuni Bahasa Jawa kelas 10 SMA Halaman 7-8 Kurikulum Merdeka
Rizka Pratiwi Utami June 02, 2026 05:27 PM

SRIPOKU.COM - Berikut ini kunci jawaban Mumpuni Bahasa Jawa kelas 10 SMA halaman 7-8 Kurikulum Merdeka.

Jaka Bereg Satriya saka Surabaya

Babak I

Prolog

Dhek jaman biyen ing tlatah Wlidhah Surabaya, ana bocah lanang kang tansah diundhamana karo kancane, nalika dolan bebarengan. Bocah mau ora duwe bapa, amung urip karo ibune, Dewi Sangkrah, lan eyange Wangsadrana. Bocah lanang mau aran Jaka Bereg kang uga kawentar jejuluk Sawunggaling. Jaka Bereg bocah kang jujur tur luhur bebudene. Jeneng Sawunggaling kajupuk saka tembung sawung kang ateges pitik jago, wondene galing tegese woh galing utawa kolang-kaling. Jaka Bereg seneng makani pitik jagone karo woh kolang-kaling. Mulane jagone katon wulune endah lan kluruke banter. Bubar dolanan karo kanca-kancane, Jaka Bereg mung mbesengut katon peteng atine lan ora gelem mangan. Bereg mari diundhamana dening kancane, merga ora genah sapa sudarmane. Kanca-kancane padha dahwen ati open marang jagone Sawunggaling. Saben dinane Bereg dikuya-kuya karo kanca-kancane. Ana sing tulung menthung lan amung katon apik ing ngarepe. Sejatine Bereg bocah becik, baut, bekti, lan berbudi. Jaka Bereg duwe sipat tanpa pamrih, seneng nulung, lunga ngadoh yen diopahi. Satekane ngomah, Bereg didangu karo ibune.

Dewi Sangkrah: Thole, ndang maem... kae wis tak masakne jangan lodheh senenganmu thole.
(Jaka Bereg ora sumaur, mung meneng lan saka pojok mripate netesake luh. Ibune banjur

Dewi Sangkrah: Kadhingaren kok awakmu katon susah, ana apa ta, Le? Coba matura sing cetha marang ibu.

Jaka Bereg: Ibu kedah ngendikan sinten sejatosipun sudarma kula, Bu? Lan wonten pundi papan dunungipun? Kula sampun boten kiyat dipunundhamana dening kanca-kanca tirose kula anak kowar ora duwe bapa.

Dewi Sangkrah:Ora usah susah, Thole, wong becik ketitik, wong ala ketara. Wong solch seleh, wong nriman keduman. Wong jail methakil, wong ngalah dhuwur wekasane, Thole! Awakmu ora tumindak salah, Thole. Saiki pancen wis titi wancine awakmu weruh sapa sejatine ramamu kuwi. Rungokna ya, Le. Ramamu yaiku sawijine adipati ing Kadipaten Surabaya. Asmane Jayengrana Yen awakmu pengin ketemu karo ramamu, mbesuk yen awakmu wis diwasa budhala menyang Kadipaten Surabaya. Wis cetha, Le? Atimu gak susah maneh tah, Le? Wis, saiki yen diilok-ilokne kancane gak usah kokreken! Wis kana gek ndang maem, Thole!

Baca juga: 20 Contoh Soal SKI Kelas 11 MA Semester Genap Tipe HOTS Vesi KMA 183

Babak II

Sawise ibune njlentrehake sapa sejatine sudarmane, Jaka Bereg ora nate susah maneh, saben kanca-kancane ngundhamana, dheweke mung meneng ora ngreken omongane kanca-kancane.
Bereg ora emban cindhe emban siladan marang kanca-kancane, senajan ana sing asring gawe pinggeting ati. Bereg ora gelem kleru karo kancane kang wekasane amung rebut balung tanpa isi. Saben dina Bereg urip ayem ngrewangi eyange ngarit golek suket kanggo sapine lan golek woh galing kanggo pakan pitik jagone. Bereg emoh ngubak-ubak banyu bening. Bereg uga dilatih olah kanuragan dening eyange Wangsadrana, kang biyen isih enome dadi prajurit ing Kadipaten Surabaya. Sawise diwasa, Jaka Bereg banjur matur marang ibu lan eyange, kepingin sowan marang sudarmane ing Kadipaten Surabaya.

Jaka Bereg: Ibu, sampun titiwancinipun kula sowan dhateng keng rama ing Kadipaten Surabaya.

Dewi Sangkrah: Wis gumeleng tekadmu, Thole? Dakkira wis cukup anggone eyangmu nggladhi olah kanuragan lan ilmu kaprajuritan, Saiki Ibu wis rila ngeculake awakmu lunga adoh, Thole.

Jaka Bereg: Inggih Ngestokaken dhawuh Ibu. Namung donga lan pangestu saking Ibu ingkang tansah kula antu-antu rinten dalu. Kula nyuwun pangestu, Eyang... Mugi-mugi ing kitha kadipaten kala tansah kinayoman dening Gusti

Eyang Wangsadrana: lya, Thole.... Dakpangestoni. Muga-muga awakmu tansah pinaringan ing karaharjan lan kinayoman Gusti Kang Maha Agung.

Jaka Bereg: Matur nembah nuwun, Eyang, matur nuwun, Ibu. Donga lan pangestu panjenengan kekalin dados jimat palipih kula. Nggih sampun, menawi ngaten sapunika kula badhe bidhal dhateng Kadipaten Surabaya. Kula pamit nggih, Eyang, Ibu.

Dewi Sangkrah: lya, dakpangestoni, Cah Bagus. Ngati-ati ya!

Evang Wangsadrana: Ngati-ati, Thole.... Eyang tansah mengestoni awakmu.

Gladhen 1

Gatekna wacan teks drama tradhisional ing ndhuwur, banjur wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki.

1. Manut wacan teks drama ing ndhuwur, crita Jaka Bereg kasebut kalebu crita rakyat saka ngendi?

2. Geneya sasuwene iki Jaka Bereg asring diundhamana dening kanca-kancane?

3. Sapa asmane ibu lan eyange Jaka Bereg?

4. Apa kang dumadi nalika Jaka Bereg arep mlebu menyang gapura kadipaten?

5. Geneya Jaka Bereg ora oleh mlebu menyang kadipaten?

6. Apa kang digawa dening Jaka Bereg kanggo mbuktekake menawa dheweke putra saka Adipati Jayengrana?

7. Kepriye wusanane nalika Jaka Bereg ngaturake bukti selendhang Cindhe Puspita marang Adipati Jayengrana?

8. Apa bebana kang ditampa dening Jaka Bereg sawise menang sajrone patembaya sodoran ing Kartasura?

9. Kajaba nrima bebana, Sawunggaling dikramakake karo sapa?

10. Apa jejuluke Sawunggaling sawise dadi adipati ing Surabaya?

Jawaban:

1. Crita Jaka Bereg kalebu crita rakyat saka Wlidhah, Surabaya.

2. Jaka Bereg asring diundhamana dening kanca-kancane amarga ora duwe bapak.

3. Ibune paring asma Dewi Sangkrah lan eyange Wangsadrana.

4. Nalika Jaka Bereg arep mlebu menyang gapura kadipaten dheweke dicegat prajurit banjur dadi padudon ing kono.

5. Jaka Bereg ora oleh mlebu menyang kadipaten amarga prajurit ora percaya lan nganggep dheweke mung wong kampung.

6. Kang digawa dening Jaka Bereg yaiku slendhang Cindhe Puspita.

7. Sawise nuduhake slendhang Cindhe Puspita, Adipati Jayengrana percaya yen Jaka Bereg pancen putrane lan banjur ngrangkul dheweke.

8. Bebana kang ditampa Jaka Bereg yaiku kalenggahan dadi satriyatama lan adipati Surabaya.

9. Sawunggaling uga dikramakake karo putri Sri Susuhunan Amangkurat 1.

10. Sawunggaling duwe jejuluk Adipati Jayengrana 2 sawise dadi adipati ing Surabaya.

 

 

 

© Copyright @2026 LIDEA. All Rights Reserved.