- Lirik lagu Lamunan yang dipopulerkan Niken Salindry
**Lamunan – Niken Salindry**
Sumribid angin ratri
Tansah hang ngantheni
Setyo nrajang telenging ati
Angen-angen tumlawung suwung
Ing wengi sepi
Tansah hangranti tekamu, duh yayi
Wong ayu age nyedhak ing sandhingku
Nyawang manise esemmu
Gawe lerem e rasaku tentrem ing atiku
Haywo pegat tresnamu sayangku
**Reff:**
Pindho samudro pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyane mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Wong ayu age nyedhak, o ngekep ragaku
Sirnakno loro bronto ing atiku
Amergo kabidhung wewayangmu ing pikirku
Haywo pegat tresnamu, duh sayangku
**Reff:**
Pindho samudro pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu sayang
Cahyane mbulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan