TRIBUNSUMSEL.COM - Peringatan Isra Miraj Nabi Muhammad SAW 1447 Hijriyah jatuh pada tanggal 16 Januari 2026.
Saat memperingati moment bersejarah dalam agama Islam ini, umumnya akan dilangsungkan berbagai kegiatan realigi seperti pengajian maupun tabligh akbar.
Agar kegiatan ini berjalan dengan lancar dan sukses maka dibutuhkan pemandu acara atau Master of Ceremony (MC), beserta Teks MC hingga susunan acaranya.
Adapun untuk Teks MC acara Isra Miraj Nabi Muhammad SAW 1447 Hijriyah bisa disesuaikan dengan bahasa daerah masing-masing seperti menggunakan Bahasa Jawa.
Berikut akan disajikan selengkapnya contoh Teks MC acara Isra Miraj Nabi Muhammad SAW 1447 Hijriyah dalam Bahasa Jawa lengkap dengan susunan acaranya.
____
Susunan Acara Pengetan Isra Mi'raj Nabi Muhammad SAW 1447 H
Teks MC (Pranatacara) Basa Jawa
[PAMBUKA] "Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Alhamdulillahi robbil ‘alamin, wassholatu wasshalamu ‘ala asyrofil ambiya’i wal mursalin, sayyidina wa maulana Muhammadin, wa ‘ala alihi wa shohbihi ajma’in. Amma ba’du.
Dhumateng para alim, para ulama, para kiyai ingkang dhahat kinabekten. Ingkang kinurmatan Bapak Takmir Masjid [Sebutkan Nama Masjid]. Ingkang kinurmatan Bapak Ketua Panitia Pengetan Isra Mi'raj 1447 Hijriyah. Saha para jamaah, bapak-bapak, ibu-ibu, lan sedherek sedaya ingkang dipun mulyaken Allah.
Langkung rumiyin, sumangga kita tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Allah SWT, awit saking rahmat lan hidayah-ipun, kita saged kempal manunggal wonten ing adicara Pengetan Isra Mi'raj Nabi Muhammad SAW 1447 Hijriyah kanthi kawontenan sehat wal-afiat.
Sholawat saha salam mugi tansah katur dhumateng junjungan kita, Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita antu-antu syafaatipun wonten ing yaumul qiyamah mangke. Amin."
[MEMAOS SUSUNAN ACARA] "Keparenga kula wonten ing mriki minangka pranatacara, badhe maosaken reroncenipun adicara ing wekdal menika:
[LAKUNING ADICARA] "Sumangga adicara menika kita bikak kanthi waosan Basmalah sesarengan. (Bismillahirrohmanirrohim). Mugi-mugi kanthi waosan menika, adicara saged lumampah kanthi lancar.
Ayat Suci: Adicara salajengipun inggih menika waosan Ayat Suci Al-Qur'an ingkang badhe dipun waos dening sedherek [Nama]. Dhumateng sedherek [Nama], wekdal saha papan dipun sumanggaaken.
Sholawat: Maturnuwun dhumateng sedherek [Nama]. Adicara kaping tiga inggih menika waosan Sholawat Nabi ingkang badhe dipun pimpin dening grup Hadroh [Nama]. Dhumateng grup Hadroh, dipun sumanggaaken.
Sambutan Panitia: Adicara salajengipun inggih menika atur pambagyo saking Ketua Panitia Isra Mi'raj 1447 H. Dhumateng Bapak [Nama], dipun sumanggaaken.
Inti/Mauidzah: Dumugi wekdalipun adicara inti, inggih menika Mauidzah Hasanah saha Hikmah Isra Mi'raj 1447 H ingkang badhe dipun wedharaken dening Romo Kiyai [Nama]. Dhumateng Romo Kiyai [Nama], wekdal saha papan sacekapipun dipun sumanggaaken."
[PANUTUP] "Maturnuwun dhumateng Romo Kiyai [Nama], mugi-mugi punapa ingkang dipun aturaken saged dados amal jariyah lan nambah iman kita sedaya.
Bapak Ibu jamaah ingkang minulya, reroncenipun adicara sampun kalampahan kanthi rancag. Sadurungipun dipun tutup kanthi donga, kula minangka pranatacara nyuwun agunging pangaksami menawi wonten klenta-klentunipun atur saha tindak-tanduk ingkang mboten mranani penggalih.
Sumangga adicara menika kita tutup kanthi waosan Hamdalah sesarengan. (Alhamdulillahirrobbil ‘alamin).
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh."
(1)
Susunan Acara:
Teks MC: "Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Dhumateng para alim, para ulama ingkang rinten dalu tansah sumandhing kitab suci wahyuning Ilahi, ingkang dhahat kinabekten. Ingkang kinurmatan Bapak Takmir Masjid (...), saha para jamaah ingkang dipun mulyaken Allah.
Langkung rumiyin, sumangga kita tansah muji syukur dhumateng ngarsanipun Gusti Allah SWT, awit saking nugraha saha barokahipun, kita saged kempal manunggal wonten ing adicara Pengetan Isra Mi'raj Nabi Muhammad SAW 1447 Hijriyah kanthi kawontenan sehat wal-afiat.
Keparenga kula badhe maosaken reroncenipun adicara:
Sumangga adicara menika kita bikak kanthi waosan Basmalah sesarengan. (Bismillahirrohmanirrohim). Salajengipun, wekdal saha papan dipun sumanggaaken dhumateng sedherek (...) kagem maosaken ayat suci Al-Qur'an."
__
(2)
Susunan Acara:
Teks MC: "Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh. Dhumateng para sesepuh ingkang sinudarsana, saha rencang-rencang muda-mudi ingkang bagya mulya.
Wonten ing kalenggahan menika, kita kempal saperlu mengeti Isra Mi'raj 1447 H kanthi tema 'Mbangun Generasi Muda ingkang Sholat lan Berakhlak'.
Keparenga kula maosaken urut-urutanipun acara:
Sumangga kita bikak adicara menika kanthi waosan surat Al-Fatihah. Salajengipun, wekdal saha papan dipun sumanggaaken dhumateng grup Hadroh kagem miwiti waosan Sholawat."
(Tribunsumsel.com/Putri Kusuma Rinjani)
***
Ikuti dan bergabung disaluran WhatsApp Tribunsumsel.com