TRIBUNSUMSEL.COM - Khutbah Jumat jadi salah satu rangkaian acara yang akan diikuti oleh seluruh Jamaah Sholat Jumat di masjid.
Saat mendengarkan Khutbah Jumat, banyak materi yang bisa didapatkan seorang muslim, slaah satunya yang berkaitan dengan Bulan Syaban.
Adapun materi Khutbah Jumat ini kerap disampaikan menggunakan bahasa daerah masing-masing, seperti Bahasa Jawa.
Berikut akan disajikan selengkapnya materi Khutbah Jumat bertema Bulan Syaban dalam Bahasa Jawa edisi 23 Januari 2026, pilihan terbaik dan penuh makna yang bisa diunduh melalui link tautan dibawah ini.
____
Khutbah I
اَلْحَمْدُ للهِ الَّذِيْ فَضَّلَنَا بِلِقَاءِ شَهْرِ شَعْبَانَ، هَذَا شَهْرٌ يُمْكِنُ فِيْهِ اَنْ نَسْتَعْمِلَهُ لِنَيْلِ الْبَرَكَاتِ وَالرِّضْوَان. أَشْهَدُ أَنْ لَا اله إِلاَّ اللّٰه وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّدًا رَسُوْلُ اللّٰه، اَللَّهُمَّ فَصَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ الَّذِىْ اَنْزَلَهُ اللهُ اِلَيْهِ بِجَمِيْعِ اَنْوَاعِ الدَّلِيْلِ وَالْبُرْهَانِ، وَعَلَى آلِهِ وَصَحْبِهِ الَّذِيْنَ نَالُوْا الْبَرَكَاتِ وَالْعِرْفَانْ. اَمَّا بَعْدُ فَيَا عِبَادَ اللهِ، اُوْصِيْنِىْ نَفْسِيْ وَاِيَّاكُمْ بِتَقْوَى اللهِ، فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ فَقَدْ قَالَ اللهُ تَعَالىَ فِي كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ: وَالْعَصْرِ، إِنَّ الْإِنْسَانَ لَفِي خُسْرٍ، إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَتَوَاصَوْا بِالْحَقِّ وَتَوَاصَوْا بِالصَّبرِ
Maasyiral muslimin rahimakumullah
Monggo kito sami ningkataken takwo dumateng Gusti Allah kelawan ninda’aken perkawis ingkang dipun perintahaken kados dene ngelampahi ibadah fardu, lan nebihi sedoyo laranganipun kados perkawis harom lan duso ingkang nyebabaken kejlumprung ingdalem geni neroko.
Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Nabi kito, Kanjeng Nabi Muhammad, keluarga, sahabat-sahabat, serto sedoyo pengikutipun ngantos akhir zaman. Saking Kanjeng Nabi Muhammad, kito sedoyo ngajeng-ngajeng syafaatipun mbenjeng fi yaumil mahsyar. Gusti Allah sampun ngimutaken kito sedoyo wonten surat Annisa: 14:
وَمَنْ يَعْصِ اللهَ وَرَسُولَهُ وَيَتَعَدَّ حُدُودَهُ يُدْخِلْهُ نَارًا خَالِدًا فِيهَا وَلَهُ عَذَابٌ مُهِينٌ
Artosipun: "Lan sopo wonge ingkang nulayani (maksiat) perintahe Allah lan Rasul serto ngeliwati batas, mongko bakal dilebetaken ingdalem neroko selawase, lan pikantuk sikso ingkang nginoaken"
Ayat meniko ngimutaken dumateng kito sedoyo supados mboten kumowani maksiat lan ngeliwati wates ingkang sampun dipesti kaliyan agomo Sebab katah tiyang ingkang teledor lan nggampangaken babakan niki, akhire numpuk duso ngantos mboten sempat taubat lan nandur amal ibadah kesaenan. Jamaah Jumat ingkang minulyo Sakmangke kito makempal wonten majlis meniko ing lebete wulan Sya’ban.
Setunggale wulan ingkang nggadahi keistimewaan, wulan ingkang dipun cawisaken kagem nyambut wulan Ramadan, sesuai kaliyan dungane Kanjeng Nabi ingkang dipun riwayataken Anas bin Malik:
اَللَّهُمَّ بَارِكْ لَنَا فِيْ رَجَبَ، وَشَعْبَانَ، وَبِلِّغْنَا رَمَضَانَ
Artosipun: "Ya Allah, panjenengan paring keberkahan kito ingdalem wulan Rajab lan Syaban lan panjenengan dugiaken kito ing dalem wulan Ramadan."
Wulan kolowingi kito sampun ngelampahi Rajab, wulane nandur, sakmangke wulan Sya’ban wulane ngeramut, nyiramu tanduran, sekderenge mlebet wulan Ramadan. Imam Dzun Nun al-Mishri dawuh:
رَجَبٌ شَهْرُ الزَّرْعِ. وَشَعْبَانُ شَهْرُ السَّقْيِ. وَرَمَضَانُ شَهْرُ الْحَصَادِ. وَكُلٌّ يَحْصُدُ مَا زَرَعَ. فَمَنْ ضَيَّعَ الزِّرَاعَةَ نَدِمَ يَوْمَ الْحَصَادِ
Artosipun: "Rejeb niku wulane nandur, Sya’ban wulane nyirami, lan Ramadhan wulane panen. Saben wong bakal manen tandurane, sopo wonge nyia-nyiaaken (ora ngeramut) tandurane, bakale getun nalikane panen."
Dawuh niki negesaken bilih sinten kimawon ingkang cancut taliwondo utowo sregep ngatahaken amal ibadah awit wulan Rajab, Sya’ban, mongko wulan Ramadhan sampun nggadah tabungan amal katah, ugi nggadahi persiapan ingkang sampun mapan. Mboten malah anggur-angguran lan nyia-nyiaaken wulan Rajab lan Sya’ban.
Setunggale hadits riwayat Sayyidah Aisyah, garwone Kanjeng Nabi nate dawuh:
لَمْ يَكُنْ النَّبِيُّ صَلَّى اللَّهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَصُومُ شَهْرًا أَكْثَرَ مِنْ شَعْبَانَ فَإِنَّهُ كَانَ يَصُومُ شَعْبَانَ كُلَّهُ
Artosipun: "Kanjeng Nabi Muhammad mboten nate ngelampahi poso sunah wulanan langkung katah tenimbang wulan Sya’ban. Saktemene Kanjeng Nabi poso sunnah wulan Sya’ban setunggal wulan penuh"(Muttafaq alaih).
Hadirin ingkang dipun rahmat Allah
Punopo Kanjeng Nabi ngelampahi poso sunnah Sya’ban? Sebabe katah keutaman ing lebete wulan Sya’ban. Sahabat Ibn Abbas dawuh:
إِنَّمَا سُمِيَ شَعْبَانَ لِأَنَّهُ يَتَشَعَّبُ فِيْهِ خَيْرٌ كَثِيْرٌ لِلصَّائِمِ فِيْهِ حَتَّى يَدْخُلَ الْجَنَّةَ
Artosipun: "Dipun wastani wulan Sya’ban, kranten ing lebete katah kesaenan kagem sinten kimawon ingkang poso sunnah ing dalem wulan Sya’ban, ngantos piyambake dipun lebetaken ingdalem suwargo" (Jami’ Shaghir).
Dawuh meniko dipun jelasaken wonten kitab Al-Taisir Syarah Jami’ Saghir bilih wulan Sya’ban nggadah kautamaan menawi dipun isi kaliyan amal ibadah kados dene poso sunnah, hinggo tiyang ingkang ngelampahi poso niku wau saget mlebet suwargo tanpo sikso.
Wonten setunggale riwayat, Usamah bin Zaid nalikane semerap Kanjeng Nabi poso, lajeng ngucap:
“Duh Kanjeng Nabi, kulo mboten nate semerap panjenengan poso sunnah ing setunggale wulan kados dene ing wulan Sya’ban”. Kanjeng Nabi dawuh:
ذَاكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ وَهُوَ شَهْرٌ يُرْفَعُ فِيهِ الْأَعْمَالُ إِلَى رَبِّ الْعَالَمِينَ فَأُحِبُّ أَنْ يُرْفَعَ عَمَلِي وَأَنَا صَائِمٌ
Artosipun: "Niki wulan ingkang sering dipun laliaken menungso antarane Rajab lan Ramadan, nggih meniko wulan ingkang sedoyo amal dipun angkat marang Gusti Allah. Mongko ingsun seneng lamun amal ingsun diangkat nalikane poso" (HR. An-Nasa’i)
Pramilo, monggo kito sedoyo ngatahaken ngelampahi kesaenan, ngatahaken ibadah sunnah kados poso sunnah, tahajjud ing wulan Sya’ban. Supados kito saget pinanggih kaliyan wulan Ramadan estu-estu resik lan siap nyambut wulan Ramadan kanti bahagio.
Mugi-mugi kito saget ngisi wulan Sya’ban kelawan amal kesaenan kanti istiqomah lan saget pikantuk pitulung saking Gusti Allah lan syafaatipun Kanjeng Nabi Muhammad. Amin.
أعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, بِسْمِ اللهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيْمِ وَاعْبُدْ رَبَّكَ حَتَّى يَأْتِيَكَ الْيَقِيْنُ بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكمُ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ، أَقُوْلُ قَوْليِ هذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ مِنْ كُلَّ ذَنْبٍ، فَاسْتَغفِرُوْهُ؛ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيُم
Khutbah II
اَلحَمْدُ لِلّهِ الوَاحِدِ القَهَّارِ، الرَحِيْمِ الغَفَّارِ، أَحْمَدُهُ تَعَالَى عَلَى فَضْلِهِ المِدْرَارِ، وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعَمِهِ الغِزَارِ، وَأَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلَهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ العَزِيْزُ الجَبَّارُ، وَأَشْهَدُ أَنَّ نَبِيَّنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ المُصْطَفَى المُخْتَار، اَللَّهُمُّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَصَحْبِهِ مَا اتَّصَلَتْ عَيْنٌ بِنَظَرٍ وَاُذُنٌ بِخَبَرٍ أَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهَا النَّاسُ اِتَّقُوااللهَ فِيْمَا أَمَرَ وَانْتَهُوْا عَمَّا نَهَى وَاعْلَمُوْا أَنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ وَثَـنَى بِمَلآ ئِكَتِهِ بِقُدْسِهِ وَقَالَ تَعاَلَى إِنَّ اللهَ وَمَلآئِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلىَ النَّبِى يآ اَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اللهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِناَ مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَنْبِيآئِكَ وَرُسُلِكَ وَمَلآئِكَةِ اْلمُقَرَّبِيْنَ وَارْضَ اللّهُمَّ عَنِ اْلخُلَفَاءِ الرَّاشِدِيْنَ أَبِى بَكْرٍ وَعُمَر وَعُثْمَانَ وَعَلِىّ وَعَنْ بَقِيَّةِ الصَّحَابَةِ وَالتَّابِعِيْنَ وَتَابِعِي التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ وَارْضَ عَنَّا مَعَهُمْ بِرَحْمَتِكَ يَا أَرْحَمَ الرَّاحِمِيْنَ اَللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ اَلاَحْيآءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ اللهُمَّ أَعِزَّ اْلإِسْلاَمَ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَأَذِلَّ الشِّرْكَ وَاْلمُشْرِكِيْنَ وَانْصُرْ عِبَادَكَ اْلمُوَحِّدِيَّةَ وَانْصُرْ مَنْ نَصَرَ الدِّيْنَ وَاخْذُلْ مَنْ خَذَلَ اْلمُسْلِمِيْنَ وَ دَمِّرْ أَعْدَاءَ الدِّيْنِ وَاعْلِ كَلِمَاتِكَ إِلَى يَوْمَ الدِّيْنِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتْنَةِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا اِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عآمَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ عِبَادَاللهِ ! إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتآءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشآءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْي يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُم تَذَكَّرُوْنَ وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ
(Tribunsumsel.com/Putri Kusuma Rinjani)
****
Ikuti dan bergabung disaluran WhatsApp Tribunsumsel.com