SRIPOKU.COM - Ayo simak dan pelajari 25 latihan soal Bahasa Jawa berikut ini.
Disajikan kumpulan soal untuk tambahan belajar siswa kelas 3 SD.
Adapun soal yang terdiri dari Pilihan Ganda ini dirangkum dari berbagai sumber YouTube edukasi.
1. Gatekna katrangan ing ngisor!
Esuk kuwi Mbok Randha golek iwak ing kali nganggo jala. Ing kali kuwi Mbok Randha weruh keyong kang warnane emas. Mbok Randha banjur nggawa Keyong Mas mau lan dilebokake njero genthong ing pawon omahe.
Saka katrangan ing dhuwur, unsur kang cetha katon ing jerone yaiku
a. latar wektu lan latar swasana
b. latar wektu lan latar panggonan
c. latar swasana lan latar prastawa
d. latar panggonan lan latar prastawa
Jawaban : B
2. Sawah ing cedhak omah iku jembar bawera.
Tembung kang migunakake swara [a] jejeg yaiku.....
a. bawera
b. cedhak
c. omah
d. sawah
Jawaban : A
3. Tuladha pengalaman lucu yaiku ....
a. disisihake keri dhewe arep dipangan, dikira daging jebul laos
b. lagi gayeng ngulukake layangan jebul senare pedhot
c. menyang pasar malem nganti wengi lan tangi kawanen
d. plesir menyang pante lan nonton penyu
Jawaban : A
4. Katrangan kang nuduhake babagan wektu, papan panggonan, lan kahanan swasana kedadeyan sajroning crita diarani ....
a. paraga
b. alur
c. tema
d. latar
Jawaban : D
5. Ing ngisor nuduhake pengalaman sing bisa gawe wedi yaiku ....
a. liwat kebon sing peteng wayah sore manjing surup
b. kelangan buku crita wacan kang disenengi
c. munggah kelas kanthi biji nengsemake
d. durung bisa menang lomba kang dianakake ing sekolah
Jawaban : A
6. Aku mangkat sekolah, dene Bapak uga... nyambut damel. Tembung kang trep kanggo njangkepi ukara yaiku ....
a. budhal
b. kesah
c. mangkat
d. tindak
Jawaban : D
7. Crita dongeng iku panyajiane awujud crita ....
a. wayang
b. kethoprak
c. larik lan pada
d. prosa utawa gancaran
Jawaban : D
8. Crita legendha iku ana sambung rapete karo ....
a. dewa utawa lelembut kang dianggep tenan kedadeyan
b. para linuwih kang sekti ing jaman kuna
c. mula buka dumadine papan panggonan
d. kewan sing tindak-tanduke kaya manungsa
Jawaban : C
9. Crita kang surasane ngayawara, mokal bisa kalakon, ora bisa dilari sapa sing nganggit, lan dianggep duweke masarakat bebarengan iku diarani ....
a. dongeng
b. narasi
c. deskripsi
d. eksposisi
Jawaban : A
10. Dumadine Kutha Banyuwangi klebu jinis crita ...
a. sage
b. mite
c. legendha
d. fabel
Jawaban : B
11. Gatekna ukara ing ngisor iki!
Sawijining dina Singa kena kala kang kasebar ana alas.
Katrangan kang trep karo ukara ing dhuwur yaiku ....
a. ngemu swara [a] miring ing tembung dina, kena, kala, ana
b. ngemu swara [a] jejeg ing tembung dina, Singa, kena, kala, ana
c. ngemu swara [a] jejeg ing tembung dina, Singa, kasebar, alas
d. ngemu swara [a] miring ing tembung Singa, kena, kala, alas
Jawaban : B
12. Nganti saiki dongeng dadi sarana mulangake babagan ....
a. budaya
b. basa Jawa
c. sejarah
d. budi pakerti
Jawaban : D
13. Crita dongeng kang paraga kewan bisa solah bawa kaya manungsa diarani ....
a. legendha
b. sage
c. fabel
d. mite
Jawaban : C
Soal untuk nomor 14-15.
Kebo sing krungu Baya bengak-bengok njaluk tulung banjur nyedhak. Satekane kana, Kebo weruh Baya ketiban wit gedhe sing ambruk. Baya njaluk tulung supaya nyingkirake wit mau. Wiwitane Kebo ora gelem amarga wedi dipangan Baya, nanging Baya saguh ora bakal mangan Kebo menawa ditulungi. Kebo banjur nyurung kayu mau sengga Baya bisa ucul, nanging Baya banjur nyokot sikile Kebo. Kebo kaget banjur bengok jaluk tulung. Ora let suwe teka Kancil lan takon keneng apa Kebo bengak-bengok. Kebo banjur njlentrehake larah-larahe, semono uga Baya uga njlentrehake mula kedadeyane. Kancil durung pra- caya menawa ora ngerti kedadeyan satenane banjur akon Kebo mbalekake kayu ing awake Baya. Sawise iku, Kancil ngajak Kebo mlayu ngadoh saka Baya sing bengok jaluk tulung nanging ora ditanggepi. Baya getun ora kinira wis ora ngugemi omongane.
14. Crita ing dhuwur klebu ....
a. fabel
b. legendha
c. sage
d. mite
Jawaban : A
15. Amanat kang bisa kajupuk saka crita ing dhuwur yaiku ....
a. kita kudu tulung-tinulung kanthi pamrih
b. ora kena nulungi kanca sing mbebayani
c. kita ora kena mblenjani janji kang wis kemucap
d. nulungi kanca kanthi pilih-pilih
Jawaban : C
16. Dongeng "Nyi Rara Kidul" iku klebu ing crita ....
a. fabel
b. legendha
c. mite
d. roman
Jawaban : C
17. Crita dongeng bisa kajupuk amanat awujud piweling marang pamaca. Salah sijine yaiku crita sing menehi piwulang minangka anak ora kena duraka marang wong tuwa. Tumraping wong tuwa prayogane kemucap sing becik. Kang mang kono minangka piweling saka crita dongeng....
a. Keyong Mas
b. Andhe-Andhe Lumut
c. Malin Kundang
d. Baru klinthing
Jawaban : C
18. Pawongan utawa tokoh kang dicritakake sajroning crita diarani ....
a. alur
b. paraga
c. amanat
d. tema
Jawaban : B
19. Kedadeyan kang wis dialami dening manungsa diarani ....
a. gancaran
b. pengalaman
c. sesorah
d. dongeng
Jawaban : B
20. Crita dongeng klebu crita fiksi amarga....
a. nyritakake kedadean kang wis kepungkur
b. surasane nyritakake bab sing direka lan mokal anane
c. nyritakake kedadean kanthi bukti sejarah
d. nyritakake laku urip sawijining pawongan
Jawaban : B