TRIBUNKALTARA.COM - Tak cuma sekadar hiburan, pantun bisa jadi media untuk mengenalkan budaya lewat rangkaian kata penuh makna.
Indonesia memiliki banyak keanekaragaman pantun. Di Banyuwangi, Jawa Timur, seni berpantun dikenal dengan istilah Basanan.
Basanan sendiri hampir sama dengan parikan dalam Bahasa Jawa, perbedaannya terletak pada bahasa yang digunakan, yakni bahasa Osing.
Sama halnya pantun pada umumnya, Basanan menggunakan pola sampiran dan isi.
Baca juga: 20 Pantun Sindir Pembohong, Cocok buat Negur Orang Tanpa Bikin Ribut
Basanan juga bisa dikreasikan dalam berbagai tema, mulai dari nasihat, sindiran, hingga percintaan.
Meski sudah jarang ditemui, Basanan biasanya masih sering ditampilkan dalam berbagai pertunjukkan budaya Banyuwangi seperti pada pementasan seni Gandrung, Seni Djionggoan, dan kesenian lainnya.
Buat kamu yang ingin mempelajari bahasa Osing lewat pantun, simak selengkapnya berikut ini, dihimpun oleh TribunKaltara.com dari berbagai sumber.
Kumpulan pantun Banyuwangi
1. Ana lintang ana ulan
Jejer-jejer ring ndhuwuran
Ati bungah sing karuan
Ndeleng riko liwat ngarepan.
2. Gerang asing iwak mungsing
Sambal tempong lalapan kemangi
Ojo isin nganggo boso osing
Kadung riko ngaku wong Banyuwangi.
3. Kadung wes ilang roso
Mergo keseron nggersulo
Bengen sun eman sun pujo-pujo
Sing weruho mentolo.
4. Jangkrik belang mati sun banting
Sun gites sun patenai
Sun timbang-timbang sun tanting-tanting
Srehne wis pantes sun entenai.
5. Wit klopo arane glugu
Disigari diparo dadi pitu
Saben dino isun sing biso turu
Ndeleng riko hing due untu.
Kumpulan pantun Banyuwangi
6. Wak paing nggawe udheng
Nunggang sepedha geratulan
Sakat mau hing mudheng-mudheng
Aju kelendi kadung ulangan.
7. Nggolet godhong
Godhong hang tuwek
Kadung ngomong
Ojo karepe dewek.
8. Mlaku-mlaku ring pegadean
Ojo lali maca salawatan
Urip ring dunyo cumo sepisan
Lakokena urip hang tenanan.
Baca juga: 30 Pantun Minta HP Baru, Kode Keras biar Permintaan Susah Ditolak
9. Ati bungah ulane semeringah
Ati susah delengen baen isun
Sekolah ayo tah sekolah
Sapa bhuduh mbisuke getun.
10. Kulon gunung wetan segoro
Cilik-cilik uwohe ranti
Ati bingung mikirno riko
Sisik melik kembange ati.
Kumpulan pantun Banyuwangi
11. Man Parmin tuku jaran
Diarani mbokde
Nggolet pulpen mubeng sing karuan
Temokeno yo ring sak'e.
12. Nang tembakon, nyambaing sawahe
Milu takon, paran salahe
Mestine ono sebabe
Apuo riko sing ono merene.
13. Cemeng, cemenge manuk sikatan
Kadung putih kethune Pak Kai
Meneng-meneng njaluk pegatan
Goleko maning hang pinter ngaji.
14. Abang-abang biru-biru
Tuku kelambi nong Rogojampi
Hing bisa madhang hing bisa turu
Enget riko raina bengi.
15. Ambune gerang kebal-kebul
Dipepe ring ndhuwur pager
Kadung ngomong ngalor ngidul
Gancang tah hang bener.
Kumpulan pantun Banyuwangi
16. Atinisun seru senenge
Ndeleng riko gemuyu
Ulih baen ayu raine
Temokeno lare wandu.
17. Wit jambe duwene Pak Camat
Kadung arep njaluk sing paran-paran
Aran lare kadhung wes telat
Budal skolah lali kathokan.
18. Ring skolah mlaku bareng
Sekolahe ring pinggir dalan
Kadhung kepingin ati seneng
Bareng-bareng menek ciplu'an.
19. Ampak-ampak ring stasiun
Lengo wangi tutupe biru
Riko kapak awak isun
Raino bengi sing biso turu.
20. Mangu-mangu kabur kanginan
Mergo duwe ati hang belang
Kadhung wes rungu kumandang adzan
Ayo gancang podho sembahyang.
Kumpulan pantun Banyuwangi
21. Nunggang sepeda nulih mburi
Sampek sing katon ono jeglongan
Demen ngomongno liyan ning mburi
Nggarai podo gontokan.
22. Kembang mawar kembang melati
Mekare siji mung suwengi
Raino bengi sun gandoli
Yo mung riko kudangane ati.
Baca juga: 34 Pantun Selamat Sarapan, Bikin Pagi Lebih Berwarna, Kirim ke Orang Tersayang
23. Nggowo nyiru ambi keloso
Ngelangi nyebrang segoro
Mangan turu sun sing biso
Raino bengi mikiraken riko.
24. Jangan kelor iwak pelasan
Tukune ring pasar wetan
Mlaku ngalor cumo alasan
Sing weruho wis semayanan.
25. Gulo ring jeru alas
Banyune dikuntekaken
Mulo wis seru welas
Kari-karine dilalekaken.
Kumpulan pantun Banyuwangi
26. Piring beling ojo dibanting
Kurubno nong duwur pelonco
Hang disanding seng welas mahing
Sabendino keronto ronto.
27. Lonthong-lonthong thok
Ketane ning Srono
Ngomong-ngomong thok
Nyatane sing ana.
28. Godhong kluwih, godhong sukun
Tuwek uwohe, wayahe mudhun
Semene bae nggih omonganisun
Nawi wonten salahe sepuronono isun.