TRIBUNSUMSEL.COM - Sebelum berangkat menunaikan ibadah haji ke Tanah Suci, masyarakat Indonesia umumnya memiliki tradisi menggelar acara Walimatus Safar Haji.
Kegiatan ini bertujuan sebagai momen doa bersama untuk melepas keberangkatan jemaah, dengan harapan diberikan keselamatan selama perjalanan hingga kembali ke tanah air dengan gelar haji yang mabrur.
Dalam prosesi tersebut, perwakilan tuan rumah biasanya akan diminta untuk menyampaikan kata sambutan singkat namun sarat akan makna dan doa.
Bagi Anda yang sedang mencari referensi, berikut kami sajikan kumpulan teks kata sambutan perwakilan tuan rumah untuk acara Walimatus Safar Haji dalam bahasa Jawa yang santun dan khidmat.
___
"Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Alhamdulillahirobbil’alamin, ashadualla ilaha illallah wa ashadu anna muhammadar rasulullah. Dumateng para sesepuh, pinisepuh ingkang tansah kinurmatan. Para bapak, para ibu, sarta para sederek sedaya ingkang dipun mulyakan Allah.
Kulo minangka sesulih saking bapak/ibu [Nama Tuan Rumah] sekeluarga, sepindah ngaturaken agunging panuwun dumateng panjenengan sedaya ingkang sampun kersa ngrawuhi undangan walimatus safar punika. Mboten wonten piwales ingkang pantes kajawi donga saking kulo sekeluarga, mugi-mugi langkah panjenengan saking ndalem dumugi mriki dipun catet minangka amal kesaian dening Allah SWT.
Ingkang kaping kalih, kulo nyuwun donga pangestu panjenengan sedaya. Bapak/ibu [Nama Tuan Rumah] insyaallah badhe nindakaken ibadah haji dumateng Baitullah. Kulo nyuwun donga, mugi-mugi anggenipun nindakaken rukun haji dipun paringi kelancaran, kesarasan, lan kekiyatan lair batin. Mugi-mugi saged kondur malih dumateng tanah air kanthi kawontenan sehat walafiat lan angsal predikat haji ingkang mabrur.
Kaping tigo, mbok bilih bapak/ibu [Nama Tuan Rumah] nggadhahi kaluputan, sae meniko ingkang dipun sengaja utawi mboten, kulo nyuwun agunging pangapunten dumateng panjenengan sedaya, supados anggenipun mangkat mboten nggadhahi beban wonten ing manah. Pungkasaning atur, kulo nyuwun pangapunten menawi anggenipun nyediaken papan palenggahan lan pasugatan wonten kekiranganipun.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh."
__
"Nuwun sewu, dumateng para tamu ingkang minulya.
Kulo jumeneng wonten mriki minangka wakil saking kersanipun tuan rumah. Ingkang kaping pisan, monggo kulo lan panjenengan sedaya tansah muji syukur dumateng ngarsanipun Allah SWT, amargi kanthi hidayah-Ipun, bapak/ibu [Nama] saged nampi panggilan kagem sowan wonten ing Baitullah.
Wonten ing mriki, bapak/ibu [Nama] nggadhahi niyat ingkang tulus, nanging menungso meniko mboten luput saking salah lan duso. Mila saking punika, sakderengipun nindakaken perjalanan suci, kulo nyuwun agunging samudera pangaksami saking para sederek sedaya dumateng bapak/ibu [Nama]. Mugi kanthi pangapunten panjenengan, langkahipun bapak/ibu [Nama] saged enteng, resik, lan tulus namung amargi Allah.
Mboten kesupen, kulo ugi nyuwun donga, mugi mboten wonten alangan satunggal punapa wonten ing tanah suci mangke. Mugi-mugi saged khusyuk ibadahipun lan saged nampi berkah ingkang kathah kagem pribadi ugi kagem sedaya ingkang wonten mriki. Matur nuwun sanget dumateng kehadiran panjenengan sedaya. Menawi anggen kulo nampi tamu kathah kekirangan, kulo nyuwun pangapunten.
Matur nuwun, Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh."
__
"Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
Ingkang kinurmatan bapak, ibu, lan para sedulur sedaya. Maturnuwun sanget sampun rawuh wonten dalemipun bapak/ibu [Nama].
Tujuan walimatus safar punika sepindah nggih punika silaturahmi. Kaping kalih, bapak/ibu [Nama] nyuwun pamit dumateng panjenengan sedaya badhe nindakaken ibadah haji ing taun punika. Kulo nyuwun donganipun, mugi perjalanan haji punika dipun ridhoi Allah, saged nindakaken rukun kanthi jangkep, lan paringi keslametan saking mangkat dumugi wangsul malih.
Mugi-mugi donga panjenengan sedaya ugi mbalik dumateng panjenengan, supados saged cepet nyusul sowan dumateng Makkah lan Madinah. Kulo ugi nyuwun pangapunten mbok bilih bapak/ibu [Nama] nggadahi khilaf dumateng panjenengan. Mekaten atur kulo, matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh."
___
"Bismillahirrohmanirrohim. Nuwun, dumateng para alim ulama ingkang dados panutan, lan para tamu ingkang dipun rahmati Allah.
Kulo minangka wakil saking tuan rumah ngaturaken sugeng rawuh dumateng panjenengan sedaya. Walimatus safar punika kita wontenaken minangka raos syukur dumateng Allah awit nikmat iman lan kesempatan kagem bapak/ibu [Nama] nindakaken rukun islam ingkang kaping gangsal.
Kulo nyuwun kanthi sanget donganipun panjenengan sedaya. 'Labbbaik Allahumma Labbaik', mugi bapak/ibu [Nama] saged nindakaken panggilan kasebat kanthi manah ingkang pasrah lan tawakal. Mugi Gusti Allah njagi bapak/ibu wonten ing perjalanan, mboten kirang setunggal punapa, saged nindakaken wukuf kanthi sempurna, lan mboten wonten gangguan kesarasan.
Ugi kulo nyuwunaken pangapunten sedaya salahipun bapak/ibu [Nama] dumateng panjenengan. Mugi-mugi sedaya ingkang wonten mriki ugi saged enggal-enggal dipun panggil Allah nindakaken ibadah haji utawi umroh. Cekap semanten atur saking kulo, mbok bilih wonten klenta-klentuning atur kulo nyuwun pangapunten.
Wassalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh.
(*)
Ikuti dan Bergabung di Saluran Whatsapp Tribunsumsel.com