Lirik Lagu Sumandhing Esa Risty ft Wahyu F Giri: Pilihan Lagu Pop Jawa Populer Terupdate
Tribun-video June 20, 2026 10:57 AM

- Simak lirik lagu Sumandhing - Wahyu F Giri: 

Sineksen mbulan kekencar ing ratri
Nggurit jagad bareng klawan si reki
Sayang
Natah bungah ngrengga tresna nyandhing sliramu
Eman
Kenya manis sesotyaku
Lara lapa tansah nggandheng lan sira
Lelana wana coba nrajang godha
Nimas
Angugemi janji suci kang wus tinali
Yayi
Nyawiji tekaning pati

Sumpahing ati sayang tansah sandhingan
Kang kadya mimi mintuna setyeng katresnan
Pujanku sayang manggih klanggengan
Mrih bisa kasembadan antuk jatining kasetyan

Sineksen mbulan kekencar ing ratri
Nggurit jagad bareng klawan si reki
Sayang
Natah bungah ngrengga tresna nyandhing sliramu
Eman
Kenya manis sesotyaku
Lara lapa tansah nggandheng lan sira
Lelana wana coba nrajang godha
Nimas
Angugemi janji suci kang wus tinali
Yayi
Nyawiji tekaning pati

Sumpahing ati sayang tansah sandhingan
Kang kadya mimi mintuna setyeng katresnan
Pujanku sayang manggih klanggengan
Mrih bisa kasembadan antuk jatining kasetyan

© Copyright @2026 LIDEA. All Rights Reserved.