TRIBUNPEKANBARU.COM - Berikut ini adalah soal dan Kunci Jawaban Mumpuni Basa Jawa Kelas 10 Halaman 29 Gladhen 2 Wulangan 2 Tembang Macapat.
Memahami materi Tembang Macapat tidak hanya berkaitan dengan menjawab soal, tetapi juga mengenal nilai budaya yang diwariskan secara turun-temurun.
Melalui kunci jawaban Mumpuni Basa Jawa Kelas 10 halaman 29 Gladhen 2 Wulangan 2 Tembang Macapat, siswa dapat memperoleh gambaran penyelesaian soal sesuai materi yang dipelajari.
Selain menjadi referensi jawaban, materi ini juga dapat memperdalam pemahaman mengenai unsur dan makna dalam tembang macapat.
Ikuti pembahasan hingga akhir agar setiap soal dapat dipahami beserta alasan di balik jawabannya.
Gladhen 2
Tembang macapat Kinanthi ing ngisor iki andharna maknane.
1. Dadiya lakunireku,
cegah dhahar lawan guling,
lan aja kasukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala wateke wong suka,
suda prayitnaning batin.
Maknane:
Dadejna pakulinanmu nyuda mangan lan turu, aja kesuwen seneng-seneng, urip prasaja, amarga wong kang mung nuruti kasenengane bakal suda prayitnaning batin.
2. Yen wis tinitah wong agung,
aja sira gunggung dhiri,
aja raket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anenulari.
Maknane:
Yen sira wis dadi wong gedhe, aja banjur gumedhe (sombong), aja sesambungan raket karo wong kang sipate ala, ala lakune ing padinan, amarga ing tembe mburine bisa nulari.
3. Nadyan asor wijilipun,
yen kalakuwane becik,
utawa sugih carita,
carita kang dadi misil,
iku pantes raketana,
darapon mundhak kang budi.
Maknane:
Senadyan wong iku asor utawa cilik, yen kalakuwane becik lan sugih pengalaman utawa kawruh, pantes diraketake supaya bisa nularake kabecikan lan budi pekerti.